Sabtu, 21 Maret 2015

Cara Menyampaikan Undanga / Ulem

ATUR ULEM IJOAN

Kepareng matur dhumateng Bp / Ibu / Sdr __________________________________
Namung Sakderengipun kulo nglajengaken atur mbok bilih wonten lepating atur kula nyuwun pangapunten.
Sowan kula ing ngriki kadhawuan Panjenenganipun Bp/Ibu/Sdr _________________
pidalem ing ___________________________
Mbok bilih Gusti Allah angganjar wilujeng ing sedayanipun, Panjenenganipun Bp/Ibu/Sdr _________________badhe kagungan kersa ________________________
Ing pramila Panjenengan sekalian kasuwun rawuh wonten dalemipun Bp/Ibu/sdr ________________ benjang :
Dinten                            : ___________________________
Wanci Jam / Tabuh        : ___________________________
Ing                                  : ___________________________
Saperlu dipun suwuni tambahing donga pamuji, anggenipun kagungan kersa.
Gegandengan atur kula sampun Panjenengan tampi, kula nyuwun pamit.


ATUR ULEM LAYANG

Kepareng matur dhumateng Bp / Ibu / Sdr __________________________________
Namung sak derengipun kula nglajengaken atur mbok bilih wonten lepating atur, kula nyuwun pangapunten.
Ingkang saklajengipun sowan kula ing ngriki kadhawuan panjenenganipun Bp/Ibu/Sdr _____________________  Supados nyaosaken serat sedhahan katur dhumateng Bp/Ibu/Sdr ___________________________

Gegandengan serat sampun panjenengan tampi, kula nyuwun pamit badhe ngajengaken lampah.